PITUTUR JOWO WARISANE WONG TUWO

PITUTURE SIMBAH
 *SERAT KODRAT*:

Sing dadi tengering zaman édan:

Wadoné pamèr aurat,
Lanangé ngumbar syahwat
Sing laris jamu kuwat.

Wong gedhé seneng maksiat,
wong cilik padha nékad.
kiai mlintir ayat
mbelani wong murtad.

Wondéné padha  ora tobat,
wegah tirakat, malah nglakoni maksiat.
milih pemimpin sing murtad
ngawulo maring pejabat
amrih keduman pangkat.

Rina wengi krungu sesambat,
akèh wong mlarat, ora kuat ngingoni brayat
Konco mburi ora kerumat
sing ora kuat terus ngendhat.
Pejabaté padha khianat.

Ketigo kaliné asat,
yèn rendheng ngluwihi jagad,
Lindhu keliwat liwat,
Samodra munggah dharat.

Mula manungsa bakal slamet tekan kiamat,
Yèn jagad dirawat lan  dirumat. Manembaha marang Gusti kang Akarya jagad.
Qul huAllahu ahad.

Makarya sing amanat,
Niat lan giat
Amrih bisa andum zakat
 Ojo amung nyadhong berkat.

Dhedhaharan sing khasiat
Amrih tansah séhat walafiat,
Ojo sakdremo ngumbar ilat.

Mangga dipun semak kanthi khidmat
Sinambi ngunjuk serbat,
Amrih gesang mboten keraos awrat Mugi slamet donya lan akhirat..

PITUTUR SIMBAHKU :

Ora kabèh wong pinter kuwi bener…
Ora kabèh wong bener kuwi pinter…

Akèh wong pinter ning ora bener…
Lan akèh wong bener senajan ora pinter…

Nanging tinimbang dadi wong pinter tapi ora bener…
Luwih becik dadi wong bener senajan ora pinter…

Minterna wong bener..kuwi luwih gampang tinimbang mBeneraké wong pinter…
mBeneraké wong pinter..kuwi mbutuhké beningé ati…"

----------------------------



"Dunyo iki wis tuwo,
Wis tuwo tur keronto-ronto"
Keronto-ronto mergo kere bondo
Kere bondo mergo kurang syukur lan trimo

Contone :
Akeh putro wani karo wong tuwo;
Akeh joko dadi dudo.
Akeh dudo lan wes duwe bojo ngaku joko.
Akeh rondo pingin rabi Joko.

Akeh prawan naksir dudo
Akeh omah ibadah ra tau disobo.
Sing disobo malah omahe germo.
Diajak ibadah mesti semoyo.

Jarene kere jebule omahe koyo rojo.
Jare sugih ngaku ra nduwe bondo.
Elingo yen sak wayah-wayah dipundut Sing Kuwoso,
Ora enom ora tuwo. Ora cilik ora gede
Malaikat podo ngincer sing leno.

Mulo jo lali ibadah madhep Sing Kuwoso.
Yen mati ben mlebu suwargo.
Yen mlebu suwargo jo lali Hp-ne digowo, ben iso ngabari lan WA-an karo konco-konco.
Yen mlebu neroko Hp-ne ra usah digowo, amargo sinyale ra ono.

Urip iku mung sak dermo.
Mulo konco, tulung pitutur iki di perhati'no marang konco.
Sing meneng berarti rumongso.
Sing mesem lan ngguyu berarti kulino.
Sing manyun berarti ra' iso boso Jowo.
Sing ora comen berarti saben dino nacat² eleke konco

Mumpung isih urip ning ndunyo, jenengé manungso mestiné okèh klèra-klèru sing ra sengojo.
Mulo kulo sak kaluwargo njaluk ngapuro marang kabèh nganti jiworogo..,
Khususe kanggo sing wong enom sing sebendino ngapeli anake tonggo.
Krono Zaman akhir kono-kene joko podo ngincer rondo
Lan lan semono ugo sing rondo sing seneng berondong mudo

Semanten atur kulo, bilih enten lepate, minongko cangkeme kulo kakean duso
Se’umpami boten enten lepate, yo di kirimi sego, tak pangane.
----------------------
Kwkwkwkwkw hahahahahaha ?
Sory yo bro! Iki sing posting lagi kumat, kentekan obat!
----------------------------------------------------------------

0 Response to "PITUTUR JOWO WARISANE WONG TUWO"

Post a Comment