CELOTEH ANAK PETUALANG





IIIIIING! WALANG SINTIIIIING
manungsone podo pontang-panting
(Sya'ir Coretan tinta wong pujonggo ndeso)

Dunyo wis mulai gonjang-ganjing.
Negoro isine penduduk maling
Cilik gede, tuwo enom podo mbeling,
Pejabate mung mikir masalah piring

Akeh wong pinter tapi keblinger
Akeh ilmuan lan cendekiawan, tapi gak nduwe sopan
Akeh pengajian, tapi mung kanggo tanggapan
Akeh nasihat Agomo, tapi kanggo pamrih rupo

Kono-kene wong podo seneng golek cacate konco
Generasi Pemudone podo hobi minum oplosan kopi cino
Pengin sugih tapi ra gelem rekoso
Iku tondone wong edan iku werno-werno,

Iki tulisan hasil asli wong ndeso
Metu soko deso mergo ngluru kehidupan jobo
Pontang-panting pengen ngerti roso asine Upo
Adoh ibu lan bopo mergo pengen nyenengke keluargo

Urip dadi pujonggo, mergo pingin Ati legowo lan mulyone jiwo
dadi petualang ono ing negeri NGAYOGYOKARTO

------------------------(wassalam)--------------
 
Jogjakarta 10 januari/ 2011.
kang Muhson wong nDesoo!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!

0 Response to "CELOTEH ANAK PETUALANG"

Post a Comment